Selamat Datang ...

Terimakasih yang sudah mau mengunjungi Blog kami.
Kami sangat membutuhkan kritik dan saran untuk membangun Blog kami agar lebih bagus lagi...
so isi kritik dan saran yaw..hhe

Thanks before

Selasa, 26 Oktober 2010

TEKS NASKAH DRAMA BASA JAWA

Sri lan lara

Sri yaiku kembang desa sing di idem-idemke jejaka dukuh Sentono rejo.naging Sri kelangan uwong kang paling di tresnani yaiku simbok ingkang sampun katimbalan Gusti ingkang Maha Agung . nalika Ramane dhaup lan Sri ditinggalke ramane. Uripe tambah nelangsa. .Sri kereb di anggep batur karo ibu lan mbakyu kwalon.
Nalika wektu iku ana Lurah anyar ngadakake syukuran kanggo putranipun kang
lagi wae lulus kuliah. Sri pengen banget melu syukuran nanging ora dientuke ibu lan
mbakyu kwalone. Tapi dengan bantuan peri, S bisa pergi ke pesta itu dengan syarat
kembali ke rumah sebelum jam 12 malam karena setelah jam 12 malam keajaiban itu
akan hilang.
BL : (ngadeg lan nduding Sri) Sapa wewadhon iki anaku?€ン
RMN : niki calon kanca wingking kula Ibu.
BL:apa kowe wis mantep karo pilihanmu cah bagus?
RMN :Inggih,kula sampun mamtep Ibu,
BL: Apa? Kowe milih wong wadon sing rupane kaya babu iki? Apa kata Bu Nia?
S : Apa kata dunia, bu Lurah
BL : lha…lha.. ya kuwi maksudku!.
RMN : Sanajan wujudipun kados babu ananging atinipun kados emas 24 karat.
BL: Kau bilang hatinya seperti emas karatan? Nanging anaku ibu wis nemukake pasangan kang cocok kanggo kowe. Yaiku putrine Camat Bulak rejo.
RMN : nanging ibu…
BL: Owalah Le..le.. pilihan ibu kuwi wis njangkepi telung criteria yaiku bibit,bebet,bobote wis nggenah 100% ceklik.
RMN : nanging tresna kula boten saged luntur ibu..
BL : Ora oleh! Pokokke kowe kudu tetep dadi manten karo susi similikiti weleh- weleh!
RMN : Hah? Silikiti welwh-welwh? jeneng sing aneh!. Nanging kula boten purun.
BL:kudu gelem!
RMN : boten purun kula!
BL: Pokoke kudu!
RMN : mboten purun!
BL: kudu!
RMN : purun. Eh boten purun!
BL: woo lha kowe anak durhaka!
RMN : Lho, kok kados maling kondang?
ni mbantah wong tua! (BL arep ngaplok RMN)
PL: (mlebu arena) Stop..!! Ana apa ta ana apa iki? Sapa wong wadon iki? (nduding S)
RMN : Rama, menika calon mantu panjenengan.
PL: Oh, iki calon mantuku. oh,,iki ta cah ayu sing mbok critaake.(sambil melirik S)
RMN : Inggih, Rama.
BL : nanging alku wis nemuake jodoh kanggo anakku! Putrine camat bulak rejo.
PL :Ya wis. Kuwi sakkarape kowe wae anakku lanang!
BL : Ananging, Rama. Kula mboten setuju . Masa anakku lanang dhaup kalihan babu
. mbok aja ngedan!
Pak Lurah : (mikir sauntara) “Yawis2, piye nek dianakake perlombaan wae?”
SSWW : “Perlombaan kados punapa Pak?”
Pak Lurah : “Nek kowe isa menang ning perlomabaan kuwi, kuwe isa dadi manten
karo anakku. Semana uga karo kowe ndug “(nduding Sri)
Bu Lurah : “Rama2, aneh-aneh wae ta penjenengan niku!”
SSWW : “Nggih pun Pak Lurah kula setuju”
Bu Lurah : “Apa kowe setuju karo tantangan aneh kuwi??” (nesu)
SSWW : “Mboten punapa2 Bu Lurah. Kula saged bersaing sehat”
Sri : (ngacung)
Pak Lurah : “Apa ndug? Kowe ora setuju karo keputusanku?”
Sri : “Kula setuju kemawon koq Pak Lurah”
Pak Lurah : “Terus ana apa kowe ngacung?”
Sri : “Saestunipun kula mboten remen kalih sebutan ‘wong wadon’, kula nggih
gadhah asma koq Pak Lurah”
Pak Lurah : “Oh..ya kowe during ngenalne awakmu. Sapa jenengmu?”
Sri : “Nami kula Sri”
Bu Lurah : “Haah..Sri??ndeso banget. Pantes kowe entuk jeneng kuwi!”
Sri : “Saestunipun niku naming asma cekak kula. Asma niku diparingi saking ibu lan
mbak kualon kula ingkang ala sanget!”
Bu Lurah : “Hauwaah….malah curhat!”
Pak Lurah : “Yowis. Negnu jenengmu sapa?”
Sri : “Nami asli kula langkung dawi sanget niku Pak Lurah”
Pak Lurah : “Yow…rapapa”
Sri : “Nami asli kula Mocu Claudia Abraba Della Conceta Sintia Cornellius Protectus
Alfonso Equil Mosquitosa Sri Debora”
SSWW : “Tapi jenengku ora kalah dowone Sri karo kowe,Aku isa nyebutne saiki”
Pak Lurah : “Mandheg2!! Ngapa ta ya yow ngributne jeneng??” (meneng sawetara) “Piye anakku? Kowe setuju ora?”
RMN : “Napa kemawon keputusan rama, kula setuju”
Bu Lurah: “Apaa??Kowe setuju karo keputusane rama? Padahal kowe mbantah
ibu?”
Pak Lurah : “Oke2..nek ngono, perlombaan diwiwiti sesuk jam 9 teeet..!!”
Bu Lurah : “Lomba kados punapa ta rama?”
Pak Lurah : “Ana telung perlombaan, 1. Lomba masak, 2. Lomba njahit, lan 3. rahasiaa… Piye, kowe2 siap??”
S & SSWW : “Siap Pak Lurah!”
Pak Lurah: “Yowis..tak tunggu tekamu sesuk! Thatha..!” (ninggalake arena disusul
Sri lan SSWW)
Bu Lurah : “Pokoke awake dhewe kudu nyusun rencana supa Sri kalah!”
SSWW : “Injih bu Lurah”
Bu Lurah : “Rene2 tak bisiki..”
SSWW : “Waduw…keri2 bu?!”
Bu Lurah : “Gelem ora?”
SSWW : “Purun2”
SSWW : “Wah..pinter2…idenipun Bu Lurah berlian sanget!”
Bu Lurah : “Brirlian ta!”
SSWW : “Woo..nggih niku maksude!”
SSWW & BL : “Hahaha…” (ninggalake arena)
Sesuke (kebeh ning arena)
Pak Lurah : “Kowe2 wis siap nglaksanakake kompetisi kapisan?”
S & SSWW : “Sampun siap Pak!!”
Pak Lurah: “Pengawal!! Siapno alat masak lan bumbu-bumbune!”
Pengawal : “Injih Pak” (nyiapke bahan2)
Pak Lurah : “Lomba kapisan yaiku lomba masak wis resmi dianyaki. Tepuk tangan!” (Pak Lurah, Bu Lurah, RMN lungguh ning ruang makan, SSWW lan Sri sibuk masak)
Pak Lurah : “Kira2 sapa sing bakal menang ya?”
Bu Lurah : “Yow mestine SSWW nhuw..”
RMN : “Yakin banget ta Bu?”
Bu Lurah: “Yow rapapa tah! Sak senengku tah!”
Pak Lurah : “Uwis2 ojo padu wae. Tunggu wae hasile..’
Neng pawon
Sri : “Sus, aku titip masakanku sik ya, aku meh ning K.M sedilit!”
SSWW : “Ow..iyoww! masakanmu dijamin aman!
Nyoto2 SSWW duweni niat ala, SSWW nyampur masakan Sri karo mrico, uyah, vetsin, lan sak panunggalane supaya rasane ora karuan. Nanging ora disengojo, SSWW lali ora nymapur uyah ning masakane dhewe.
Sri : (Mlebu pawon) “Matur suwun yo, Sus!”
SSWW : “Yow..podo2. mau ana laler menclok ning masakanmu Sri, nanging wis
tak guak adoh2!”
Sri : “Matur nuwun bzangeth…”
Wektune penilaian
(Sri lan SSWW moro ning ruang makan)
Sri : “Niki Pak Lurah”
Pak Lurah : “Woo…iyo, matur suwun,” (nyicipi) “Wah…enak banget ki masakane. Cobanen ko cicipi le..”
RMN : “Ehm...iki masakan paling mantep sing tau tak coba!”
SSWW: “Ora mungkin! masakanku luwih enak. Mbok bilih mboten percoyo,
cicipi mawon! Kabeh nyicipi


Bu Lurah : “Hu um Susi bener, masakane mesti luwih mantep katimbang Sri..”
(Ngapusi)
Pak Lurah : “Ibu, apa sampeyan nduwe masalah kari kerongkonganmu? Masakan iki blas ora enak. Sampean ngomong enak?”
RMN : “Rama leres, masakane Susi ora eco blasz…”
Bu Lurah: “Huh…”
Pak Lurah : “Yowis..uwis dadi keputusanku, sing dadi pemenange yaiku….Sri!!!
Skor sawetara 1-0 kanggo Sri!! Tepuk tangan…”
Pak Lurah : “Selamet yo Sri..!!”
Sri : “Matur suwun pak lurah”
Pak Lurah : “Aku tunggu sesuk jam 9 teet..kanggo lomba kapindho, yaiku lomba
njahit” (pak lurah ninggalake arena disusul RMN lan Sri)
Bu Lurah : “Susi Similikiti Weleh Weleh!! Kowe sengojo po piye!1 ngapa
masakanmu ora enak babar keceplek!” (nesu)
SSWW : “Ampun bu Lurah, kula…”
Bu Lurah : “Apa?!!”
SSWW : “Kula sampun nyampur sarem, mrico, lsp teng masakanipun Sri,
ananging mboten ngertos punapa masakane dados eco, bu..”
Bu Lurah : “Walahh..dasar kowe!!! Kuwi podo wae mbumboni masakane Sri!
Kudune kowe nyampur cukak, pete, apa suket2an sisan!”
SSWW : “Nyuwun pangapunten Bu Lurah”
Bu Lurah : “Yowis..sing wis yowis. Aja kejadian maneh, saiki ayo awake dhewe
nyusun rencana kanggo sesuk”
SSWW lan Bu Lurah ninggalake arena, pengawal ngresiki ruangan Sesuke
Pak Lurah : “Sugeng enjang kabeh! Apa kowe tjah loro wis pada siap kanggo lomba
kapindho?”
SSWW & Sri : “Sampun pak Lurah…”
PL :Lomba kapindo njahit klambi pangeran resmi dianyaki. tepuk tangan.
peraturane gampang banget,kowe2 kudu gawe klambi kanggo
Anakku suwene sawengi.klambine kuwi kudu ko serahke sesuk esuk sadurunge
lomba katelu dianyaki.kabeh ngerti?
Ssww&S:Mangertos PL
PL :Saiki kowe kabeh isa ngayaki gawe klambi.
S :injih PL.kulo lan ssww pamit mantuk (ssww & s ninggalke arena disusul PL)
(bengine, Sri nganyaki njahit klambi)
(Sri mlebu nggowo kain lan entrane njahit&TK mlebu)
TK :Mbak Sri,sampeyan didawuhi ngadep PL
S : injih


(S& TKawal metu arena,ssww mlebu)
Ssww :(nyuwek klambi) nek ngene kowe mesti kalah Sri hahaha…(metu ko arena)
S : (mlebu arena) lhoh!!sopo sing nglakokke iki?aku mesti kalah.apa sing kudu tak
lakokke?(nangis metu arena) (Sesuk) (PL,BL,P&TK masuk)
PL :akhire wektu penilaian klambi saiki.Ssww…..,rene dudohono asil kerjamu
Ssww :(masuk arena ndudohke klambi)….puniki PL
PL:cukup2,apik2,nak oleh ngerti bakal opo kang mbok enggo nggawe klambi iki?
Ssww :wah,punika bakalipun saking kulit PL.kulit unta,kulit ula,kulit gedang,kulit gajah
lan kulit kodok
PL :wow,……uapik tenan!!!
Ssww :wah……nggih jelas to PL,ssww gitu!!!!.
PL: saiki giliran sri….Sri mlebu rene!!!! Sak jam kepungkur
(Sri ora ndang teko)
Rong jam kepungkur
(ora ndang teko ugo)
S :ngopo to sri kuwi?kok ra ndank rene,TK golekki
TK :injih(metu)
Ssww :mbok menawi Sri dereng paripurna njahitipun PL,napa malih Sri mboten saget
njahit.
PL :sik2,TK lagi goleki sri……tunggu sik to ah!!!
(Pirang menit kepungkur)
S:(mlebu kesesa,TK nyusul ning mburine sri)
PL,nyuwun pangapunten,kulo kentun…
PL :soko ngendi wae kowe sri….?kabeh wis suwe nunggu kowe sri.
S :mekaten PL,sawijining tiyang ingkang nyuwek rasukkan kulo kagem P.
BL :alaah!!paling mung alesanmu wae to sri….!!!
S :mboten!!sedoyo mboten leres,niki buktine,……
(nduduhake klambi nang PL)
BL :alahh!! Paling mbok suwek dewe,iyo to…..?
S :mboten kok Bu…..
PL :yowes2,warung awake dewe uwis reti sapa sing menang dadi skore siji podo
(Ssww&BL ketok seneng)
S:ananging PL…
PL :yoweslah sri(nyekel pundak sri)sing wis yo wis…..ojo diulangi meneh.warung
ana lomba katelu.dadi kowe isih nduwe kasempatan kanggo ngalahke ssww
Ssww :o yo….,kala mbiyen,PL nate ngendikan lomba katiga taksih rahasia.Nek mekaten
punapa lombanipun PL?
PL :lomba katelu yaiku….lomba ndandani TK….kelurahan iki!
Ssww :hah…..ndandani TK
BL :anangin PL,sedaya TK nembe kena cacar,kecuali TK sing setunggal niki.
PL :Oh,iya…iya…kaet minggu ndek wingi uwis podo loro.berarti kurang sak uwong maneh
Kabeh :ow…Pak lurah kemawon pripun?setuju2….mantap…..!!
PL:masak aku to?
S :mboten punapa rama,sing gadah ide kan Rama
PL :yowezz….TK,rene2,siapke kursi lan alat2e
TK :inggih PL (TK nyiapke kursi lan alat2e)
PL :saiki kowe kabeh pada anyak ndandani TK lan aku,wektune 137,87 detik soko Saiki
(S&ssww ndandani TK karo PL)
BL: ayo cepet2…
Ssww :nggih….
P :wektune entek(S&ssww mandeg ndandani TK lan PL)
PL :(ngilo) wow….kowe tak kon ndandani aku lan TK ben dadi ayu,ora nyulap ndadekke koyo badut
Ssww :nyuwun pangapunten PL,niki sedaya amargi BL kesesa ngengken kulo PL…
BL:who lha dala…..ngopo kowe dadi nyalahke aku?
Ssww :lha nggih kasunyatan kados mekaten.
BL : salah piye to?kok dadi nyalahke aku?dasar wong ra nduwe rasa matur
nuwun.aku wis ngewangi kowe dadi sri kalah.Warungo nyuwek klambi kae ide
aku……!!
Kabeh :oww…….
PL :dadi,kowe kabeh sing nyuwek klambine sri!!
BL :mboten kulo PL,kulo mboten….meniko ssww(nduding ssww)
Ssww :nanging punika ide BL
PL:uwis2….aku putuske sing bakal dadi mantuku yaiku …..Sri!!!
Ssww :mboten…..!!!(TK nyeret ssww metu)
BL:senajan abot atiku,aku rilo kowe dadi mantuku,Sri.
RMN :akhire awake dewe iso bersatu sri.
S:injih Raden
RMN :awake dewe isa nganyaki urip anyar tanpa ana sing nganggu
S: injih P
Akhiri,sakwise nglaksanakake lomba2 mau.Sri iso bersatu karo Raden Mas Ngabei lan
bisa urip seneng tekan pedhote nyawa.


Sumber : www.scribe.com