Selamat Datang ...

Terimakasih yang sudah mau mengunjungi Blog kami.
Kami sangat membutuhkan kritik dan saran untuk membangun Blog kami agar lebih bagus lagi...
so isi kritik dan saran yaw..hhe

Thanks before

Jumat, 04 Februari 2011

Sesorah Bahasa Jawa

“murka ngangge subasita”

Wilujeng siang,
Bapak kepala SMA N 1 Sewon ingkang kinurmatan, bapak/ibu guru saha karyawan/karyawati SMA N 1 Sewon ingkang kula kurmati, saha para siswa ingkang kula tresnani.
Assalamualaikum Wr Wb,
Sakderengipun mangga kula panjenengan sami ngaturaken puji sukur dumateng Allah SWT, ingkang sampun paring kekiatan saha kawilujengan dumateng kula panjenengan sami saengga saged makempal wonten ing aula SMA N 1 Sewon.
Para rawuh ingkang minulya,
Ing weldal sapunika kula badhe ngaturaken andharan babagan murka. Sawanci punika kathah priyayi-priyayi ingkang gampil murka tumrap priyayi sanesipun. Kenging punapa kemawon dhasaripun, priyayi-priyayi sapunika gampil murka. Priyayi-priyayi punika menawi murka sakajengipun piyambak, kadosa muring-muring, ngantemi priyayi sanesipun, ngobrak-ngabrik utawi ngrisak barang liyan sakajengipun piyambak, boten gadhah raos welas asih. Priyayi-priyayi punika boten mresani tumrap sinten kemawon anggenipun murka, sae tumrap priyayi ingkang sepuh utawi priyayi ingkang enem. Wonten punapa priyayi-priyayi sapunika boten sami kaliyan priyayi rumiyin ? Awit priyayi-priyayi sapunika gampil murka, menawi priyayi rumiyin punika gadhah raos lembah manah tuwin andhap asor tumrap sinten kemawon.
Priyayi-priyayi rumiyin gadhah subasita anggenipun murka. Murka ngangge subasita wonten ing budaya Jawa inggih punika. Menawi murka tumrap priyayi ingkang langkung sepuh, piyambakipun boten wantun murka, napa malih ngantos muring-muring utawi ngantemi. Menawi murka tumrap sesami utawi langkung enem, murkanipun boten muring-muring sakajengipun piyambak. Piyambakipun menawi murka ngantos-ngantos lan ugi ngagge subasita. Piyambakipun badhe menggalih lan ugi badhe ngolah rasa, sasaged – sagedipun badhe nahan murkanipun.
Minangka panutup atur kula, menawi wonten kalepatan saha tindak tanduk ingkang kirang ngremenaken kula nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum Wr Wb.

Arifian Nurcahyono XII IPA3/4